GUGON TUHON
Gugon asale saka tembung gugu, dene tuhon asale saka tembung tuhu. Gugon tuhon yaiku
kapercayaan marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemu nalar.
Tumrape wong kang precaya / ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora
bias nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku.
Gugon
tuhan dibedakake dadi 3, yaiku:
1)
Gugon
tuhon kang salugu
Yaiku
bocah utawa wong kang dadi pangane bethara kala (manut dedongengan) yaiku bocah
sukreta. Manut kapercayaan bisane waluyo lan lestari urip kudu diruwat sarana
ditanggapake wayang lakon Amurwa Kala.
Bocah
sukreta iku,kayane:
·
Bocah ontang-anting : putrane mung siji, priya
·
Bocah unting-unting : putrane mung siji, wadon
·
Bocah kedhana-kedhini : putra loro, sing tuwa priya dene
sing enom wadon
·
Bocah kembar sepasang : putra loro wadon kabeh
·
Bocah uger-uger lawang : putra loro priya kabeh
·
Bocah pancuran kaapit sendhang: putra
telu, siji priya kaprenah ana ing tengah
·
Bocah sendhang kaapit pancuran: putra
telu, siji wadon kaprenah ana ing tengah
2)
Gugon
tuhon kang isi wasita sinandhi (pitutur)
Wasita
sinandhi iku tegese pitutur kang ora dilahirake kanthi melok utawa dikandhakake
kanthi samestine. Sing akeh-akeh nganggo tembung “ora ilok” kang satemene
ateges ‘ora becik’.
Tuladhane:
·
Aja ngidoni sumur, mundhak suwing
lambene
Karepe:
idu kang tumiba ing sumur bias njalari regede banyu luwih-luwih idune wong kang
duwe lelara nular.
·
Lungguh ngarep lawang ora ilok
Karepe:
lawang punika kangge liwat, mboten prayogi kangge lelungguhan, punapa malih
wanita saru menawi dipunsawang.
·
Pawuhan celak wisma
Karepe:
pawuhan cedhak omah mesthi wae ora prayoga, sebab pawuhan iku rak reged, papan
kangggo mbuwang werna-werna.
·
Weweh dijaluk meneh, gulune gondhoken
Karepe:
wong weweh iku kudu rila lair batine. Weweh kanthi duwe pangarep-arep piwales
iku ora prayoga. Ora prayoga maneh menawa wis diwenehake dijaluk maneh, gawe
tatuning ati.
3)
Gugon
tuhon kang kalebu wewaler (larangan)
Gugon
tuhon kang kalebet wewaler iku saka pangandikane leluhur utawa wong kang dadi
cikal bakal ing panggonan iku. Amarga leluhur iku mau wis tau ngalami ora
kepenak utawa nemu cilaka jalaran nindakake sawijining bab, banjur nganakake
wewaler marang anak putune supaya ora melu-melu nindakake.
Tuladha:
·
Wong-wong ing Banyumas ora kena lelungan
ing dina Setu Pahing
Critane:
Sang Adipati ing Banyumas manggih cilaka nalika tibdakan ing dina Setu Pahing.
Sang Adipati banjur paring pangandikan marang putra wayah lan para kawulane
“anak putuku lan para kawulaku kabeh dakwewaleri, ora kena lelungan ing dina
Setu Pahing”. Nganti seprene wong-wong Banyumas isih akeh kang ngestokake
pepali iku, ora padha lelungan ing dina Setu Pahing.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar