Senin, 07 November 2011

GUGON TUHON


            Gugon asale saka tembung gugu, dene tuhon asale saka tembung tuhu. Gugon tuhon yaiku kapercayaan marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemu nalar. Tumrape wong kang precaya / ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bias nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku.
Gugon tuhan dibedakake dadi 3, yaiku:
1)      Gugon tuhon kang salugu
Yaiku bocah utawa wong kang dadi pangane bethara kala (manut dedongengan) yaiku bocah sukreta. Manut kapercayaan bisane waluyo lan lestari urip kudu diruwat sarana ditanggapake wayang lakon Amurwa Kala.
Bocah sukreta iku,kayane:
·         Bocah ontang-anting               : putrane mung siji, priya
·         Bocah unting-unting               : putrane mung siji, wadon
·         Bocah kedhana-kedhini          : putra loro, sing tuwa priya dene sing enom wadon
·         Bocah kembar sepasang          : putra loro wadon kabeh
·         Bocah uger-uger lawang         : putra loro priya kabeh
·         Bocah pancuran kaapit sendhang: putra telu, siji priya kaprenah ana ing tengah
·         Bocah sendhang kaapit pancuran: putra telu, siji wadon kaprenah ana ing tengah
2)      Gugon tuhon kang isi wasita sinandhi (pitutur)
Wasita sinandhi iku tegese pitutur kang ora dilahirake kanthi melok utawa dikandhakake kanthi samestine. Sing akeh-akeh nganggo tembung “ora ilok” kang satemene ateges ‘ora becik’.
Tuladhane:
·         Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene
Karepe: idu kang tumiba ing sumur bias njalari regede banyu luwih-luwih idune wong kang duwe lelara nular.
·         Lungguh ngarep lawang ora ilok
Karepe: lawang punika kangge liwat, mboten prayogi kangge lelungguhan, punapa malih wanita saru menawi dipunsawang.
·         Pawuhan celak wisma
Karepe: pawuhan cedhak omah mesthi wae ora prayoga, sebab pawuhan iku rak reged, papan kangggo mbuwang werna-werna.
·         Weweh dijaluk meneh, gulune gondhoken
Karepe: wong weweh iku kudu rila lair batine. Weweh kanthi duwe pangarep-arep piwales iku ora prayoga. Ora prayoga maneh menawa wis diwenehake dijaluk maneh, gawe tatuning ati.
3)      Gugon tuhon kang kalebu wewaler (larangan)
Gugon tuhon kang kalebet wewaler iku saka pangandikane leluhur utawa wong kang dadi cikal bakal ing panggonan iku. Amarga leluhur iku mau wis tau ngalami ora kepenak utawa nemu cilaka jalaran nindakake sawijining bab, banjur nganakake wewaler marang anak putune supaya ora melu-melu nindakake.
Tuladha:
·         Wong-wong ing Banyumas ora kena lelungan ing dina Setu Pahing
Critane: Sang Adipati ing Banyumas manggih cilaka nalika tibdakan ing dina Setu Pahing. Sang Adipati banjur paring pangandikan marang putra wayah lan para kawulane “anak putuku lan para kawulaku kabeh dakwewaleri, ora kena lelungan ing dina Setu Pahing”. Nganti seprene wong-wong Banyumas isih akeh kang ngestokake pepali iku, ora padha lelungan ing dina Setu Pahing.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar